Kredit Sarung Bonus Kurmo

1045

“Ente kawak lek sohol ngene iki khi. Bonus kurmone ente kitok ajib, wis tak photo tak kirimno nang sohib-sohibku. Menowo onok sohib ana seng hajat, tak atuhi nomer HP ente yo,” jare Mustopa.

Mat Terasi seneng, rumongso direwangi sohib-e supoyo dagangan sawarine payu katsir. Sawarin sak bonus kurmone diatuhno lan fulus kontan diterimo, Mat Terasi gak langsung rejak. Leren ngobrol ngalor ngidul, karo ngenteni menowo ono sohibe Mustopa seng teko.
Ternyata bener, masio wis meh tengah dalu, onok sohibe Mustopa teko kepingin ngesuf lan star sawarin bonus kurmo ajaib.

“Seng ajaib iku kurmo koyok opo. Model kurmone luweh gede teko biasane ta. Opo bungkuse tok seng kitok ajib,” jare Jamal, sohibe Topa.

“Sampeyan lek tuku sawarin teko ana, jelas hasol ganjaran, kerono pas wulan posoan. Opo maneh sek hasol bonus kurmo, ganjaran tambah, kerono iso digawe buko lan dadi sunah rosul. Teko iku tok wis kitok ajaib-e, durung khasiat-e, nang awak gak gampang kenek penyakit kencing manis,” jawab Mat Terasi.

Baca Juga :   Polres Pasuruan Siapkan 9 Pos Mudik dan Jalur Alternatif

Jamal percoyo karo seng diomong Mat Terasi lan kepincut ngesuf bonus kurmo seng dibungkus kitok ajib. Akhire, Jamal star sak kodi sawarin, tapi kredit mek bayar separuh disek, kurang-e dibayar nyicil, janji lunas sewulan mari riyoyo-an.

Tapi gletek, bonus kurmo ajaib-e kurang khomsah bungkus. Terpaksa Mat Terasi nyelang disek bonus kurmo nang Mustopa lan janji bukro ndang dibalikno.

Mat Terasi seneng, corone supoyoi sawarine laris gawe kurmo didadekno bonusan, sukses. Sewengi tok sawarine wis payu rong kodi. Harapan cerah lan bakal iso belanjani kharim lan walade gawe riyoyoan.

Isuk-isuk Mat Terasi wis temu perlu belonjo kurmo karo liyan-liyane. Mesisan star kurmo rodok kebek, langsung ngerahno kharime, Munah lan walade, Karim, gawe bungkusi.

Tengah bungkusi, HP-ne Mat Terasi bolak-balik muni, podo takon sawarin dagangane bener-bener apik opo nggak. Liyone iku yo akeh seng takon bonus kurmo ajaib.

Baca Juga :   Kelebihan Beban, Truk Bermuatan Sekam Terguling

Sawarine Mat Terasi bener-bener laris. Onok seng langsung teko nang omah-e, dilayani karo Munah lan Karim. Tapi yo akeh seng njaluk dikirim, kerono tuku akeh lan Mat Teras gak nolak blas, malah seneng langsung budal ngirim.

“Wis talah riko ojok gampang percoyo star sawarin seng onok internet-internet iku. Gambare kitok bagus nggilap, tapi durung tentu barange bagus. Tapi lek star sawarin nang ana wis terbukti, mutune ditanggung ajib, sek hasol bonus kurmo ajaib nyehatno awak seng poso,” jare Mat Terasi nang pembeli.

Saking larise, sawaring isrin kodi holak lan pesenan onok terus. Mat Terasi akhire nekakno maneh sampek khomsin kodi, tapi bayare kari lek sawarin payu kabeh.

Kabar sawarine Mat Terasi laris, sampek krungu nang sohib muhallide, Dulah Lemari lan Man Petis. Isnin sohib muhallid iku sampek marani nang bait-e Mat Terasi kepingin weruh.

“Ente repot temenan sampek gak tau kitok mencungul nang warung asrop gahwa. Lah dagangan ente laris koyok ngene. Tapi ana star sawarin sak durunge posoan wingi, sek durung hasol bonus kurmo ajaib loh. Iki Man Petis yo kepingin ngerasakno kurmo ajaib ente,” jare Dulah.

Baca Juga :   19 SMP/MTs di Kota Pasuruan Numpang Gedung Lain Hadapi UNBK

“Sawarin seng ente star wingi iku wis rego spesial. Saiki regone holli, makane onok bonus kurmone. Tapi khusus gawe ente karo Man Petis, tetap tak atuhi balas khusus bonus kurmo ajaib tok. Gak akeh-akeh rong bungkusan eding ae,” bales Mat Terasi.

Alhamdulillah, ikhtiar Mat Terasi hasil. Fulus ngumpul kasir lan untunge wis kitok. Gak kedawan, mumpung riyoyo gak nemen mepet-e. Mat Terasi ndang-ndang ngatuhi Munah fulus, cekno ndang belonjo gawe riyoyoan.

“Sementara salasa milyun disek. Wis ndang belonjo macem-macem gawe riyoyoan. Engkuk lek wis cedek-cedek riyoyo, fulus tak tambahi maning. Masalah-e sawarine yo akeh seng sek durung payu lan onok seng bayar nyicil,” jare Mat Terasi.