Wisata Topo Ngedem Pikir

2157

“Ketingal jenengan tilem-e angler sanget. Pun kesusu wangsul, mending teng meriki, saget nenangaken pikir. Howone seger, ati adem lan pikiran saget bening. Yen kurang lego, saget terus minggah, tasih wonten panggonan male damel nenangken pikir,” jare wong tuwo seng nok Goa Antaboga.

Mat Terasi akhire mantep dan mutusno nginep nang Goa Antaboga. Mesisan karep terus munggah ngesuf panggonan liyane gawe nenangno pikir. Sewengi muput Mat Terasi nang lokasi Goa Antaboga. Dzikir sembarang kalir diwoco kare regut liyer-liyer, pikirane rumongso padang.

Srengenge durung kitok Mat Terasi budal ijenan munggah terus. Masio dalane munggah gunung, Mat Terasi gak keroso najeh, sebab howone seger. Mat Terasi yamsi santai, karo tolah-toleh ngesuf menowo nemu barang-barang aneh nok dalan. Sampek tekan Tampuwono, srengenge kaet untup-untup.

Mat Terasi sengojo niat prihatin, ngurangi yukul, tapi yo gak kepingin yamut gara-gara juk. Makane waktu budal niat nang gunung, Mat Terasi star asropan botol karo isnain khubus kabir. Tekan lokasi seng ndukur, khubus kabir-e sek akeh, diyukul karo majlas ta’annas.

Baca Juga :   Catat! Penerima KIS-PBI Tidak Dipungut Biaya Distribusi

“Panggonan koyok ngene ajib-e, iso dikembangno dadi lokasi wisata. Ditoto tepak mulai ngisor sampek munggah iso dadi Kawasan Wisata Topo Penenang Bathin dan Pikiran. Cocok digawe suhulan, bukak agen perjalanan wisata topo ngedem pikiran, ana dadi pemandune. Paribasan gak iso topo-ne yo cukup ngedem pikiran tok,” batin Mat Terasi.

Sedino-sewengi, Mat Terasi nok lokasi, dzikir karo moco sembarang kalir. Pikirane tambah padang lan mantep bukak agen perjalanan wisata topo ngedem pikiran. Sampek bukro, rejal aswad iki rejak.

Wayah-e wis pas, Mat Terasi balik mudun rejak nang bait-e kate nyusun rencana bukak agen wisata. Mat Terasi mampir nang warung seng kitok rame lan laris nok ngarep-e pegadaian. Pumpung fulus seng diatuhi sohibe, Dulah Lemari sek akeh.

Baca Juga :   Kapolsek Lumbang Bebaskan Warga yang Dipasung

Waktu dehul warung, barengan karo rombongan wong-wong tajir seng numpak sayyaroh ajib-ajib. Mat Terasi seng didol-I yukul disek, nyumanggakno nang rombongan. Ndilalah anggota rombongan seng paling tuwo, takon lokasi panggonan berobat nenangno pikir.

“Saya dapat info kalau disekitar Gunung Arjuno banyak tempat untuk berobat. Kebetulan anak saya sudah 6 bulan sakit, tidak bisa omong. Sudah saya bawa berobat kemana-mana tidak ada hasilnya. Mungkin bapak tahu tempatnya,” jare Ronald, anggota rombongan wong tajir.

“Saya baru saja dari sana untuk tadabur alam, menikmati Rahmat dan keindahan alam. Mari saya antarkan dan semoga saja mendapat kesembuhan,” jare Mat Terasi ngesuf peluang suhulan ajib.

Bakdal yukul langsung balik ke lokasi. Nok lokasi rombongan diajak dzikir lan njaluk pitulung Gusti Allah. Sampek isnain sa’ah, akhire Mat Terasi nyidek-i anggota rombong sing marid. Yahampret kate nambani.

Baca Juga :   Dimas Kanjeng Sakit, Sidang Tuntutan Ditunda

“Coba saya bantu sebentar. Barang kali bisa saya ketahui penyebab sakitnya. Saya minta semuanya menunggu agak jauh,” jare Mat Terasi karo nggowo moya botolan lan cutik godong.

Yahampret model tabib kawak, moya botolan dibukak, disembul-sembul disowok. Terus moyane dicipratno nang sak awak-e wong seng marid. Rambut-e, raih, gulu sampek dodo ditelesi moya karo dikusuk dipijet-pijet nggawe godong.

Seng dipijet gak terimo bagian ndukur tok, roto sak awak dipijet kabeh. Bagian sikil-sikil dilemesno kabeh, wong seng dipijet dikongkon merem. Gak kedawan, cekno weroh ono hasil-e opo nggak lan pumpung wong seng dipijet merem, bongkotan hamble-ne wong seng marid dipecut gawe cutik godong.

“Cetaar….”. “Wadooowww…… Sakit pak….!,” sakkolo seng marid bengok karo ambekan ngos-ngosan.