Yakhampret Eksport Rukem & Juwet

1444

Sampek gaden, Mat Terasi seng nyetir jawala belalang tempur, minggok nganan. Begitu dehul sirot rodok zugur, disambut aspal krowak lan mblenduk-mblenduk. Miah-an meter tambah kasir aspal krowak lan mblenduk-mblenduk, gak temu karuan-e yahampret model kros-krosan.

“Allah…..iki tambah dehul, dalan-e pasti tambah murokbal khi. Lek ngene iki alamat, bukro injing-injing dubur iso mejen,” jare Dulah.

“Sek talah Lah, ente ojok ngomel ae. Ana nyetir jawala iki karo golek dalan seng rodok ajib, tapi dalan-e yo gak kenek pilih, isine dodoku iso koyok rontok, weteng munek-munek. Rupane pejabat-pejabat gak tau lewat kene khi, tak dungokno lek lewat kene, dubur-e metu bol-e,” timpal Mat Terasi.

“Iling-ilingen Mat, sufen gapuro iku, dehul Deso Tejowangi. Dalane remek, pejabat pemerintah-e yahampret, sequt tok gak ngereken dalan remek. Padahal jarene kasir fulus, anggaran trilyunan,” Dulah nyahut gak gelem kalah.

Ba’dal latihan akrobat bokong, kenek dalan remek, Mamat Terasi lan Dulah akhir-e tekan nggon seng dikarepno. Infone seng nduwe tanduran rukem lan juwet jenenge wak Draun. Digolek-i ketemu langsung ditakokno lan njaluk ngesuf tanduran-tanduran rukem lan juwet.

Baca Juga :   Konsolidasi Internal, Parpol Pengusung "Wajibkan" Pilih Adjib

“Tanduran rukem riko mek salasa wit, juwet-e mek rong wit. Ojok dipanen disek, ana tebas kabeh, ente tak atuhi fulus khomsah miah alif. Lek wis wayah-e ana teko maneh langsung diunduhi didekhulno kontainer,” jare Mat Terasi nang Wak Draun.

Mat Terasi lan Dulah Lemari yo mesen nang Wak Draun, lek ngesuf onok tanduran rukem lan juwet wek-e sohib-sohib-e, dikongkon ndang lapor.

Rong wulan, da-in fulus nang bank, gak diatuhi, kerono dianggep kontrak rukem lan juwet gak masuk akal. Tapi Mat Terasi gak putus asa, sebab fulus-e yo wis kadung metu gawe nebas rukem lan juwet. Mat Terasi tetep ngajak sohib-e, nggolek lan nebas tanduran rukem lan juwet.

Tapi dehul wulan ketelu, Mat Terasi diselponi Wak Draun lan sohib-sohib-e seng tandurane wis ditebasi. Mat Terasi diomongi lek rukem lan juwet-e wis mateng-mateng, wayah-e diunduh cekno gak bosok. Mat Terasi ngotot, lek gak iso ngunduh, kerono durung wayah-e eksport lan jumlah-e kurang kebek.

Baca Juga :   Efisiensi Anggaran, Kendaraan Dinas Pemkot Beli BBM Non-Tunai

Podo ngotot-e gak ketemu jluntrungane, Wak Draun lan sohib-sohibe akhire ngalah. Gak opo-opo Mat Terasi gak sillim fulus-e seng kurang digawe nebas rukem lan juwet. Tapi Mat Terasi dipekso njupuk sebagian rukem lan juwet, teko fulus seng dipersekotno.

Terpaksa Mat Terasi, ngejak Dulah Lemari lan Man Petis marani Wak Draun lan sohib-sohib-e, marani Wak Draun lan liyane. Sampek bait-e Wak Draun, sohib mukhallid telu iku langsung ditemoni lan dike-i khomsata asar karung rukem lan juwet. Terpaksa rukem lan juwet karung-karungan digowo rejak, ditumpakno pikep tonggone Wak Draun.

“Ente-ente Dulah karo Man, rukem lan juwet iki gowo-en limang karung edang, ana yo gowo limang karung. Ayo nggolek nggon dewe-dewe digawe dodolan rukem lan juwet. Ngunu ae wis. Ana kadung bondo fulus asro milyun. Alamat Munah mudrib, de-e seng dain nang akhi-akhine,” sambat Mat Terasi.

Baca Juga :   Dua PNS Pemprov Jatim Diperiksa Terkait Kasus Korupsi Jasmas

Ditambahi tas plastik, sohib telu iku langsung dodolan rukem lan juwet. Dodolan ditunggui dewe-dewe karo majlas neng dingklik, karo dike-I tulisan “Jual Rukem & Juwet Murah Puoolll….”.

Seng tuku yo akeh, tapi fulus-e nibakno, isnin alif, khomsah alif sampek asro alif. Tapi sayang, rukem lan juwet seng didol iku, oleh rong dino mulai menceng kate bosok. Terpaksa didom gratisan nang wong-wong seng liwat, Mat Terasi, Dulah Lemari lan Man Petis mek nyisakno digowo rejak dewe-dewe.

“Timbang gak dadi fulus blas, lumayan mbalik masio gak sampaek wahad milyun. Ana gak sido eksport wis, rukem lan juwet-e gampang bosok. Ndolek suhulan liyo sek tepak, cekno sido tajir,” jare Mat Terasi.